Sony Xperia E3 - Miwiti piranti nalika sapisanan

background image

Miwiti piranti nalika sapisanan

Nalika sapisanan sampeyan miwiti piranti, pandhuan atur wiwitan mbukak kanggo

ngewangi sampeyan ngatur setelan dhasar, mlebu menyang sawetara akun, lan ngatur

piranti nganggo setelan pribadhi. Misale, yen nduweni akun Sony Entertainment Network

account, sampeyan bisa mlebu akun kasebut ing kene lan langsung miwiti. Sampeyan

uga bisa ngundhuh setelan Internet.

Sampeyan uga bisa ngakses pandhuan atur wiwitan mengko saka menu Setelan.

Nguripake piranti

Priksa manawa baterei wis kebak kanggo paling sethithik 30 menit sadurunge nguripake

piranti kaping pisanan.

1

Penet terus tombol daya nganti piranti kedher.

2

Tik PIN kertu SIM yen dijaluk, banjur tutul

.

3

Enteni sedhela nganti piranti wiwit.

Mateni piranti

1

Penet terus tombol daya nganti menu pilihan mbukak.

2

Ing menu pilihan, tutul

Daya mati.

3

Tutul

OK.

Butuh sawetara wektu nganti piranti mati.