Sony Xperia E3 - Setelan kamera umum

background image

Setelan kamera umum

Ringkesan setelan mode motret

Pangenalan Gambar Otomatis

Optimalake setelan supaya cocog karo samubarang sawangan.

Manual

Atur setelan kamera kanthi manual.

Efek AR

Potret foto nganggo sesawangan lan karakter virtual.

Efek kreatif

Trapake efek menyang foto utawa video.

Timeshift burst

Golek foto paling apik saka sakehing gambar.

Social live

Siyarake video langsung menyang Facebook™.

Sapuan Panorama

Gunakake setelan iki kanggo njupuk foto sudhut amba, panorama. Tutul layar banjur obahake kamera

kanthi ajeg saka sesisih menyang sisih liyane.

Pangenalan gambar otomatis

Mode pangenalan gambar otomatis ndheteksi kahanan nalika sampeyan motret lan

otomatis ngepasake setelan saengga sampeyan bisa mesthi oleh asil potret sing apik.

Mode manual

Gunakake mode Manual yen sampeyan arep ngepasake setelan kamera sacara manual

kanggo motret lan ngrekam video.

Efek AR

Sampeyan bisa nerapake efek (augmented reality/realitas tambahan) menyang potret

supaya luwih nyenengake. Setelan iki mbisakake sampeyan nggabungake sesawangan

3D menyang potret nalika dijupuk. Pilih sesawangan sing dikepengini lan setel

panggonane ing jendela bidik.

Efek Kreatif

Sampeyan bisa ngetrapake maneka efek ing foto utawa video sampeyan. Contone,

sampeyan bisa nambah efek Nostalgia kanggo nggawe foto katon lawas utawa efek

Sketsa kanggo foto sing katon luwih nyenengake.

Potret akeh Timeshift

Kamera motret 31 ing siji jendhela ing rong detik – sakdetik sadurunge lan sakwise

sampeyan menet tombol kamera. Sampeyan bisa bali lan golek gambar sing paling apik.

Social live

Social live yaiku mode pamotretan kamera sing mbisakake sampeyan nyiarake video

menyang kaca Facebook™. Sampeyan mung perlu duwe sambungan internet sing aktif

lan mlebu Facebook™. Videos bisa nganti 10 menit dawane.

Bukak cepet

Gunakake setelan Bukak cepet kanggo mbukak kamera nalika layar dikunci.

Menehi tandha panggonan

Menehi label menyang potret nganggo katrangan ing ngendi potret dijupuk.

77

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Motret tutul

Tamtokake area fokus, banjur tutul layar kamera nganggo driji. Potret dijupuk sanalika

sampeyan ngangkat driji.

Panyimpenan data

Sampeyan bisa milih arep nyimpen data ing kertu SD sing bisa dipindhah-pindhah utawa

menyang panyimpenan internal piranti.

Panyimpenan internal

Potret utawa video sing disimpen ing memori piranti.

Kertu SD

Potret utawa video sing disimpen ing kertu SD.

Imbang putih

Fungsi iki ngatur imbangan werna miturut kondisi cahya. Lambang setelan imbangan

putih kasedhiya ing layar kamera.

Otomatis

Nyetel imbangan werna kanthi otomatis miturut kondisi cahya.

Inkandesen

Nyetel imbangan werna kanggo kondisi cahya anget, kayata ing ngisor lampu bolam.

Fluoresensi

Nyetel imbangan warna kanggo cahya lampu neon.

Awan Padhang

Nyetel imbangan warna kanggo panggunaan kondisi njaba ruangan kanthi cahya srengenge.

Mendhung

Nyetel imbangan warna kanggo langit mendhung.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.